MANTAN Menteri Energi dan Sumber Daya Mineral Sudirman Said jebulé ora kur piawai nulis esai politik. Tapi Rektor Universitas Harkat Negeri Tegal kiyé, peduli uga maring bahasa lokal Tegal. Ana lima puisi Tegalan, sing mituruté ditulis nang endi panggonan.
Karya puisi Tegalané tau dimuat nang Penjebar Semangat, majalah bahasa Jawa terbitan Surabaya, Edisi No. 33/15 Agustus 2026.
WATES CUKUP
Gawéané Sudirman Said
Ayo cateten
éling lan maring kedodokan étika
luwih duwur lan luwih luhur
ketimbang sing arané ukum
Mangga
diplintir wolak-waliken ukum
dadékna akrobat apa baé
tapi étika lan moral bakal maléhna
ora liya nuraniné déwék
Perjuangan
ngadegé harkat bangsa
wis wayahé
ngobar gemladag
Lagu kebangsaan
Indonesia Raya, weling:
Agéa tangi jiwamu
agéa tangi ragamu
kanggo Indonesia Raya
Mbangun jiwa
aja kosih lali
mbangun raga merga ana kasadaran yén jiwa kuwé
sing nglanggengna
urip sawijiné bangsa
Sepisan maning
ayo cateten lan éling angger
kedodokan étika luwih luhur
lan luwih duwur
ketimbang sing arané ukum
2016
ANDHAP ASOR
Gawéané Sudirman Said
Angger kowen krasa paling pinter
sa-kelurahan,
temonana wong-wong sing luwih pinter sa-kecamatan.
Sing kaya kuwé, kowen bakal
andhap asor.
Angger kowen krasa paling cerdas
sa-kecamatan,
kumpulana karo wong-wong
sing paling pinter sa-kabupaten.
Sing kaya kuwé, kowen bakal
andhap asor.
Angger kowen krasa paling rosa
sa-kabupaten,
ngumpulana karo wong-wong
sing paling rosa sa-provinsi.
Sing kaya kuwé, kowen bakal
andhap asor.
Angger déwéké krasa paling kuwasa
ning sa-antero nagara,
malah krasa bisa nata
dunya,
teka maring Gustimu.
Cedeka maring Pengén-Né.
Pahami kuwasa-Né.
Lan, gatékna:
sepira ciliké nyong kowen kabéh
menungsa.
Sing kaya kuwé, ora ana alesan
kanggo nyong kowen kabéh
nggo ngerasa luwih ketimbang wong liya.
Lan, mestiné nyong kowen kabéh bakal andhap asor.
Andhap asor kuwé kunci,
sing njaga saben langkah,
kosih pungkasan urip
mengko.
2016
SING DUWÉ MASA KEPUNGKUR
Gawéané Sudirman Said
Sing duwé masa kepungkur
seneng ngagungna asal-usulé
Sing duwé masa depan
ora mung mikirna awaké déwék,
tapi ngupaya
bén bisa migunani
kanggo wong
kerep ora mandeng sapa uwongé
saka ngendi asal-usulé.
2016
PAN DADI WONG GEDÉ APA BIASA BAÉ?
Gawéané Sudirman Said
Wong gedé
sing diomong gagasan.
Wong biasa
sing diomong awaké déwék.
Tapi wong cilik ati
senengé malah ngrembug
kekurangané wong liya.
2016
SIAP LÉCÉT
Gawéané Sudirman Said
Terusna
mlaku lempeng
Jagad raya
tinuju temata
apa anané
lan blag-blagan
Mung
kudu mangkina tabah
apa anané
siap lécét
lan babak belur
merga pertarungan
2016
WATES CUKUP
Gawéané Sudirman Said
Ayo cateten
éling lan maring kedodokan étika
luwih duwur lan luwih luhur
ketimbang sing arané ukum
Mangga
diplintir wolak-waliken ukum
dadékna akrobat apa baé
tapi étika lan moral bakal maléhna
ora liya nuraniné déwék
Perjuangan
ngadegé harkat bangsa
wis wayahé
ngobar gemladag
Lagu kebangsaan
Indonesia Raya, weling:
Agéa tangi jiwamu
agéa tangi ragamu
kanggo Indonesia Raya
Mbangun jiwa
aja kosih lali
mbangun raga merga ana kasadaran yén jiwa kuwé
sing nglanggengna
urip sawijiné bangsa
2016