Kang Nur saat membaca puisi tegalan pada malam peluncuran antologi puisi Dari Negeri Poci 7 (Foto: Dok)
PanturaNews (Tegal) - Malam peluncuran antologi puisi Dari Negeri Poci 7: "Negeri Awan" dan pembacaan puisi para penyair Nusantara, bahkan penyair ASEAN, makin mengundang decak kagum dengan penampilan Wakil Walikota Tegal, HM Nursholeh, di gedung Paripurna DPRD Kota Tegal, Sabtu 25 Maret 2017 malam.
Kang Nur, panggilan akrab Nursholeh, membawakan dua puisi tegalan sekaligus di hadapan ratusan penyair dan pengunjung. "Saya mau membacakan dua puisi tegalan karya Lanang Setiawan," tutur Kang Nur sebelum memulai membaca.
Dua puisi tegalan yg dibacakan Kang Nur berjudul "Dadia Wong Sing Ditresnani" dan "Cacak Rika Tafakur".
Komentar para pengunjung, penampilan Kang Nur malam itu penuh percaya diri walau menggunakan bahasa tegalan. Bahkan, ia telah mempersiapkan dandanannya dengan mengenakan kemeja batik tegalan dan topi laken.
"Saya mengenakan topi laken dapat dari Cina Klenteng. Yang dihadapi saya malam itu kan para penyair, saya harus bisa menyesuaikan diri," apologi Wakil Walikota Tegal itu menjawab pertanyaan.
Menurutnya, dua sajak tegalan tersebut cukup menarik. Sajak berjudul "Cacak Rika Tafakur" mengisahkan tentang penguasa hendaknya jangan bersikap adigang, adigung, adiguna. Jadi jangan arogan melainkan harus mengerti tentang bawahannya.
Sementara pada sajak berjudul "Dadia Wong Sing Ditresnani" bercerita tentang Penguasa hendaknya penuh kasih sayang pada siapa pun, bukan sok kuasa. Intinya, jadilah penguasa itu ditresnani atau dicintai penduduk bumi dan langit.
//Menungsa dicipta ora go/menang-menangan/tapi bebrayan/kiye laku utama wong urip/ning alam maya pada/dadia wong urip sing/ditresnani penduduk/bumi lan surgawi dudu diseneni//
Acara yang digelar di Ruang Paripurna DPRD Kota Tegal, berlangsung penuh keakraban. Tampak hadir Ketua DPRD Kota Tegal, H Edy Suripno, mantan Wakil Walikota Tegal, Dr. Maufur, para aktivis dan sejumlah seniman.
Dua puisi karya Lanang Setiawan yang dibacakan Wakil Walikota Tegal.
CACAK RIKA TAFAKUR
Apa rika pernah mikir kayangapa larane ati kesuduk?// Kepiben rasane kawiwit nang nduwur tiba-tiba dilorod?// kayangapa perih tangise kaluwarga sing dadi korban kebuasane rika?
Rika kolu rika kolon//rika kejem rika tega//rika brangasan rika kocolan//rika laka adabe laka sopane//rika ilang rasa ilang piker//Apa kabeh mau jalaran//masa silame rika kocar-kacir?//Atawa jalaran rumah tanggane rika burak-rantak ora tau nemu seneng ndadekna sitik-sitik rika dugal//sitik-sitik nesu?
Cacak rika njagong silah nang jero peturon//penerangan lampune kiyep-kiyep matane rika dimeremna//nyoba fokus maring ati kesuduk//maring sapa bae sing jabatane dilorod//wong endi bae sing tau dilelara
Sajerone tafakur rika bakal nemu apa//apa rika masih duwe pikir lan rasa//apa kabehane wis pada ilang?//Kuwe arane rika wis kalebu gerombolane wong jalang
Enteni bae teka walesan//rika bakal dilandrat//rika bakal ngadepi ganjaran paling nikmat//tetangisan awan bengi sadawane urip sadurunge rika jaluk ampura maring sapa bae sing tau dilelara//azabe ora pedot
Duh perihe aduh perihe//ngungkuli daging diseset-seset wilad
DADIA WONG SING DITRESNANI
Donge pan ana ukuman apa?//Laku elok digrujug ketuban saember//uwong ka angas temen//cacak mikir//senggane kowen dijiwit lara apa belih?//aja ketus nemen-nemen//abong-abonge enyong nurut//dierut-erut?
Sing arane menungsa kudune ya duwe rasa satitik//iloken ora bisa?//kene bombong ka kono ngodor//Dadia menungsa sing manusawi//kowen kuwe panutan//dudu wong sembarangan//Yen pancene kowen ora bisa dipenging//ukume Pengeran luwih nggilani//ngungkuli awak dicacag-cacag sewu gobang
Menungsa dicipta ora go//menang-menangan tapi bebrayan//kiye laku utama wong urip ning alam maya pada//dadia wong urip sing//ditresnani penduduk bumi lan surgawi dudu diseneni.