ORA idep ora weruh, ujug ujug Man Damin nggedros njaluk dibatiri maring Rumah Sakit…" /> ORA idep ora weruh, ujug ujug Man Damin nggedros njaluk dibatiri maring Rumah Sakit…" />
Sabtu, 11/10/2025, 19:51:03
Ibu Kardinah Pantes Dadi Pahlawan Nasional
DANING: YONO DARYONO
.

ORA idep ora weruh, ujug ujug Man Damin nggedros njaluk dibatiri maring Rumah Sakit Kardinah. Sing wingi-wingi ora pedaminan apa-apa. Ésuk-ésuk wis gemboran ngongkon Bi Sijah seg-seg ganti klambi ngajak lunga maring Rumah Sakit.

Wateké Man Damin adong pan maring endi ora ketang kur péngin mangan léngko, bengi-bengi segurungé turu wis kanda, angger déwéké péngin sarapan léngko Gang Kimto atawa léngkoné Kasmud.

Bi Sijah bojoné mung semaur: “ Iya Kang, délat.” Tapikén dina kiyé, mbuh kenang apa ora idep-ora weruh ujug-ujug njaluk maring Kardinah. Bi Sijah bingung Man Damin ana-ana baé.

 “Maring Rumah Sakit repan apa Kang?“ Bi Sijah takon.

“Primén sih kowen Jah, klalén? Maring Kardinah ya Kontrol oh, pijara takon ana keding. Kowen ngarti oh nyong wis tahunan duwé penyakit kencing manis. Saben sewulan pisan kudu kontrol.” Man Damin semaur karo jentiké nutuk-nutuk meja. Ora suwé Man Damin maring garasi repan ngetokna mongtor Honda 70 é.

“Sampéyan linglung apa maén klalén Kang, saiki dina Ahad oh Kang. Kardinah tutup ora nglayani kontrol wulanan apa sependak. Angger pan maring UGD (Unit Gawat Darurat) tah ora papa, merga UGD tetep buka. Sampéyan awaké ana sing gawat apa primén?” Bi Sijah takon suarané madan atas.

“Brisik! Ngécé kowen ya Jah. Takira saiki dina Slasa”. Man Damin clingukan kalah isin, toli ora sida ngetokna mongtor tuané. Man Damin njagong nang rusbang karo megap-megap rengosan. Umuré wis pitung puluh taun punjul dadi ngetokna mongtor cilik baé rengosan.

“Iya ngenténi dina Slasa, péngin ketemu karo dr. Nurmilawati, kangen apa pribén?“ Bi Sijah ngromed maning mandan ngodor.”

“Bléh kaya kuwé Jah. Soalé enyong péngin kontrol kreatinin, dijanjéni dr. Nurmilawati wulan kiyé.”

“Kontrol kreatinin, apa kudu njaluk rujukan maring dr. Nurmilawati, sengertiné nyong dr. Rachman Edi Santoso lan dr. Said Baraba uga bisa. Sampéyan kayong ana radané, Kang. Toli dr. Nurmilawati wis pangsiun oh.”          

Man Damin ora nerusna omongané, ndeleng rainé Bi Sajah katon mangar-mangar bisa- bisa ana paci mabur. Seluguné ana liyané sing péngin diomongna maring dr. Nurmilawati bab Ibu Kardinah. Senajan wis pangsiun dr. Nurmilawati mégin prakték nang Kardinah.

Sidané Man Damin maring umahé Wa Kamid. Wa Kamid umahé ora adoh sing umahé Man Damin. Mbuka lawang mburi sepuluh langkah anjog umahé Wa Kamid. Wa Kamid lagi nyaponi jogan. Weruh Man Damin anjog umahé, Wa Kamid lirén ora nyapu jogan.

“Dengarén ésuk-ésuk sanja?” Wa Kamid takon maring Man Damin.

“Iya Kang, nang umah kayong ringsang, semineb.” Man Damin semaur, suarané mlempem kaya krupuk.

“Nang omah lagi ora jenjem – ora anyem, kayong pan semaput, apa primén.”

“Iya kaya kuwé lah.”

“Ya wis manjing oh.” Wa Kamid nawani Man Damin majing maring umahé déwéké. Man Damin njagong nang krosi. Wa Kamid maring pawon ora suwé metu nemoni Man Damin nggawa poci karo cangkir lemah.

“Wis kyéh médang poci ndisin ébén lereb.” Wa Kamid nawani Man Damin nginung téh poci. Sawisé nyruput téh poci, Man Damin ngomong:

“Iya… Kang kayong byar yah.”

“Ya.. iya… ya… yah. Lah miki bojoné rika ora nggawékna téh poci.”

“Ora Kang, gara-gara enyong klalén dina.“

“Ana-ana baé.”

“Wis  kaya kuwé bojoné enyong omongané nggiwar.”

“Sih ngiwar kepribén.”

“ Nyimpang lah… ora pas karo nyatané. Seluguné enyong repan crita bab Ibu Kardinah karo dokter sing akrab karo enyong. Tibané malah cemburu.

Kaya kiyé Kang, Rika paham oh Ibu Kardinah kuwé wong sing berjasa ora mung nggo wong kota Tegal tok, tapikén wong se-Indonesia ya ngrasakna. Pribén Ibu Kardinah gawé Rumah Sakit, awité adol buku karangané. Buku bab olah-olahan, karo carané  mbatik lan liyané.

Buku kuwé nggo mulang sekolahané sing digawé Ibu Kardinah yakuwé Wisna Pranowo, Sekolah Kepandaian Putri nggo bocah wadon pribumi. Ora mung sekolahan, Ibu Kardinah uga gawé panti jompo, perpustakan, ngajarnya wong-wong gawé perhiasan nganggo perak lan pirang-pirang kiprah sosialé.

Segurungé ana sekolah Taman Siswa sing digawé Ki Hajar Dewantara, Kardinah wis duwé sekolahan penthol. Malagen Ki Hajar Dewantara karo Ibu Dewi Sartika mélu mulang nang Sekolah Wiswo Pranowo. Apa ora pentol.”

“Toli primén.“ Wa Kamid semaur cekak.

“Enyong ngusulnya ébén Ibu Kardinah dadi Pahlawan Nasional.” Man Damin ngomong karo tangané nggegem kaya ngantem langit.

“Enyong setuju kuwé.“

Wong loro kuwé, Man Damin karo Wa Kamid katon bungah déwéké duwé pengarep-arep repan ngomong maring direktur Rumah Sakit Kardinah, Bapak M. Zaenal Abidin, SKM., M.M. ébén Ibu Kardinah dadi Pahlawan Nasional.

Tegal, Oktober 2025

Tulisan dalam Kolom Opini ini adalah kiriman dari masyarakat. Segala tulisan bukan tanggung jawab Redaksi PanturaNews, tapi tanggung jawab penulisnya.

 
Belum ada komentar untuk ditampilkan pada artikel ini.

Komentar Berita