Kilas Balik Sastra Tegalan: 26 November 1994-26 November 2022
--None--
Sabtu, 26/11/2022, 09:16:12 WIB

MAN sapa sing duwé niat, mustiné ana landasané. Wongé sapa sing duwé kepénginan dadi walikota, ya samana uga. Duwé niat mbangun kota, ndandani sing durung apik ébén apik.

Enyong ya samimawon. Selawas kiyé bahasa Tegal dianggepé bahasa beléh peta. Bahasa écék-écék. Bahasa kampungan, bahasa guyonan. Ngisin-ngisina.

Mugané enyong meres utek, kepimén bahasa Tegal dadi bahasa sing bisa ditresnani generasi muda, kambéh kaum inteléktual, lan kaum amtenar.

Landasan

Nyong kepéngin NEBAR ilmu sing ana manfaaté. Mung kepimén LANDASANÉ. Suwé enyong golét landasan. Akhiré KETEMU WASIAT paling jitu.

“ILMU luwih utama ketimbang gunakaya (harta benda). Sebab ilmu kuwé warisan para Nabi. Sedeng gunakaya warisan Qarun, Firaun, lan liya-liyané.

“ILMU luwih utama ketimbang gunakaya. Sebab ilmu bisa njaga awaké sampéyan. Sedeng sampéyan malah njaga gunakayané.

“ILMU luwih utama ketimbang gunakaya. Sebab sing duwé gunakaya bisa diarani Si Pelit. SEBALIKÉ sing duwé ilmu, olih sebutan Agung lan Mulia.

“ILMU luwih utama ketimbang gunakaya. Gunakaya nék diblanjakna bakal kalong. Sedeng ilmu angger diamalna sangsaya tambah.

“ILMU luwih utama ketimbang gunakaya. Sebab sing duwé gunakaya bakal dihisab nang dina kiamat. Sedeng sing duwé ilmu, bakal olih SYAFAAT nang dina Kiamat.” 

(Kabéh kuwé ngendikané Ali Bin Abu Thalib)

Nah! Kuwé Landasané enyong gawé Sastra Tegalan. Niatané enyong, supaya bahasa Tegal munggah drajaté. Ora ngisin-ngisina. Ora dianggep kampunagan lan beléh dianggep écék-écek.

Taun 1994, enyong maca Puisi “Nyanyian Angsa” karya WS. Rendra tak terjemahna dadi “Tembangan Banyak”.

Bisané enyong milih “Nyanyian Angsa”? Soalé sajak kuwé ANA NUANSA wilayah nang Tegal. Sajak “Nyanyian Angsa” critané tentang aran Maria Zaetun, yakuwé  “tlembuk tuwa wis beléh ayu, bodol pisan” pan TOBAT NASUHA. Saka UMAH tlembukan Gang Sempit, déwéké mlaku tinuju gereja nemoni Pastur, tapi siusir. Ringkas cerita, Maria Zaetun ketemu Yesus lan tobaté ditampa.

Hubungané apa, Tegal kambén sajak “Nyanyian Angsa”? Gemiyén, enyong sekolah nang SMEA Pius. Ngarepé Gereja. 

Enyong mbayangna, nalika Maria Zaetun saka umah tlebukan Gang Sempit, mlaku tinuju Gereja cedek sekolahé enyong. Jalaran ana kedadian crita Maria Zaetun duwé KEMIRIPAN antara sajak “Nyanyian Angsa” kambén wilayah Tegal, enyong alihwacan sajak kuwé dadi “Tembangan Banyak”.

Ora nyana ora ngira, taun 1994, sajak “Tembangan Banyak” dadi viral nang koran-koran ibu kota uga Suara Merdeka, Wawasan lan liya-liyané.

Ning tahun 1994 awal sajak “Tembangan Banyak” lan sajak-sajak Indoneisa terjemahan Tegalan gawéané kanca-kanca, diundang pihak Taman Budaya Surakarta dikongkon péntas bareng kanca-kanca.

Tahun 1995 kanca-kanca diundang maring Indramayu, pentas nang Rumdin Bupati Indramayu. Tahun 2006 zaman Walikotané Adi Winarso, kelompok Sastra Tegalan, ngundang Pak Adi Winarso, Bupati Tegal Agus Riyanto, Ketua DPRD Ghausun plus anggota Dewané diantarané Mas Firdaus Muhtadi, para pejabat Pemkot, lan seniman Tegal. Égin ning taun 2006, pentas nang Bulungan Jakarta. Tahun 2008 pentas maning ning Taman Raden Saleh, Semarang, uga pentas nang Taman Budaya Surakarta.

Pungkasé ning taun 2008 pentas pertama nang Rumdin Wakil Walikota Tegal, zaman Wakil Bapak Maufur. POKOKÉ wis nglalang buana péntas nang ngendi paran. Zaman walikota alm Kang Nur Sholéh, ya bléh kurang-kurang peringgitan dienggo pentas lan peluncuran buku antologi Puisi Tegalan. Malahan gawé film Tegalan tentang biografi beliau.

Soal buku antologi Tegalan macemé, puluhan diterbitna. Samana uga, saben Kota Tegal Ulang Tahun,  bahasa Tegal kanggo bahan pidato. 

Buku-buku antologi Puisi Tegalan dikaji lan didadékna karya tulis. Awit skripsi, tesis kosih disestasi yang akah. Salah siji contoh Mba Dina Nurmalisa dosen Universitas Pekalongan Disertasiné nganggo 3 buku antologi Puisi Tegalan. Alhamdulilah akhiré déwéké olih gelar doktos saka UI. Sawetara Nang UPS sastra Tegalan wis dadi Mata Kuliah.

Sastra Tegalan pancén bléh baén-baén. Wis anjog nang Amerika Serikat. Liwat film “Turah” garapan Wicaksono Wisnu Legowo olih penghargaan pirang-pirang. Akhiré Film “Turah” makili Indonesia nang ajang Oscar. Wis samono adohé kanca-kanca Tegal lan Komunitas Sastrawan Tegalan njunjung martabaté bahasa Tegal liwat Sastra Tegalan.

Tegalérin

Saiki, wis ana telung aliran Sastra Tegalan. Sing kesiji arané Wangsi – Wangsalan puisi. Gabungan antara Wangsalan (parikan) digabung kambén Puisi Tegalan. Sing keloro arané KUR 267 (Puisi Péndék 3 baris), lan Sing Ketelu, arané Tegalerin, artiné “Wong Wadon Ayu Asli Tegal Seneng Perubahan lan Variasi”.

Saka ngendi tembung kuwé? Tembung kuwé saka Tegal lan Berlin, Jerman. Wong Berlin adong nyebut wong asli Berlin, diarani Berliner (Macané Berlinar).

Kiyé ana critané. Zaman Jerman pecah dadi Jerman Timur kambén Jerman Barat. Presiden F. Kennedy pernah pidato nang lapangan amba Berlin Timur, déwéké nyebut “Enyong kiyé Berlinar!”. Wong salapangan nyekakak kabéh! SEBAB APA? Sebab tembung Berlinar kuwe artine DONAT!

Enyong buka-buka kamus. Jebulé tembung ERIN kuwé artiné: Wong Wadon Ayu. Sawetara secara bahasa KATARISTIK artiné Perubahan lan seneng Variasi. Dadi tegesé TEGALERIN kuwé artiné “Wong Wadon Ayu Asli Tegal Seneng Perubahan lan Variasi”. Persis Walikota Tegal Dedy Yon sing seneng Perubahan lan Variasi nang soal pembangunan! Assalamualaikum.

(Disampaikan Rabu, 23 Nov 2022 di Peringgitan Balaikota Tegal dalam acara Syukuran Milad Sastra Tegalan ke-28 tahun)